Friday, April 16, 2010

ngapalin sesorah part 1

hha inilah sesorah atau pidato yang mau aku pakek untuk ujian praktek .
doain yaa kawan semua semoga lancarr pidatonya . amiin .

"Nuwun , para sesepuh ingkang kinabekten , bapak ibu para tamu ingkang kinurmatan , keparenga kula sumela atur ing ngarsa panjenengan lan munggel kardikan panjenengan ingkang nembe wawan pangandikan.
Kula minangka wakiling kulawarga keparenga matur ing ngarsa panjenengan , awit keparingipun Bapak Iskandar sekaliyan. Ingkang sepisan, ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan dhateng kula lan panjenengan sedaya, satemah wekdal menika saged kempal ing dalemipun Bapak Iskandar tanpa alangan satunggal menapa.
Kajawi saking menika, atur panyuwun dhateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh ing acara syukuran kelairan putranipun bapak Iskandar dene ing wanci menika jangkep selapan dintenipun. Jabang bayi kaparingan nama Yusuf Ahmadi. Bapak Iskandar sakulawarga nyuwun donga pangestu dhateng panjenengan sedaya, mugi-mugi Yusuf dadosa putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan migunani dhateng sesaminipun .
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangka pungkasaning atur bokbilih anggenipun Bapak Iskandar sakulawarga nampi rawuh panjenengan wonten kekiranganipun, kula minangka wakilipun Bapak Iskandar nyuwun pangapunten. Semanten ugi kula pribadi, menawi kathah kalepatan anggen matur, kula nyuwun samodra pangaksami. Nuwun."

akhirnyaa selesai juga pidatoku ini . Thanks God aku akhirnya bisa ngapalin ♥
catatan : diambil dari buku paketku "KALOKA BASA"
makasih buat pidato yang akhirnya bisa aku apalin :)